Gada wesi kuning piyandele Setyaki dadi banthenge Dwarawati



Gada wesi kuning iku sanjatane Arya Setyaki, anake Prabu Setyajit, raja ing nagara Lesanpura. Arya Setyaki kasil nduweni gada wesi kuning saka Arya Singamulangjaya, senapati Dwarawati ing jaman Prabu Narasingamurti.

Kawitan Setyaki kasil nduweni gada wesi kuning dicritakake ing lakon Bedhahipun Negari Dwarawati.

Prabu Narasingamurti sing nyekel panguwasa Dwarawati nalika iku kudu ngadhepi panempuhe mungsuh sing ditindhihi Narayana saka Mandura. Narayana dibiyantu para Pandhawa. Narangsingamurti mrentahake Arya Singamulangjaya supaya ngadhepi lan ngukuhi nagara saka panempuhe Narayana sakwadyabalane.

Arya Singamulangjaya ngamuk ing paprangan. Akeh prajurite Narayana sing nemahi pati. Arya Setyaki banjur maju ing pabaratan ngadhepi pangamuke Singamulangjaya. Perang tandhing dumadi antarane kekarone.

Setyaki kepeksa tinggal glanggang colong playu amarga ora kuwawa ngadhepi pangamuke Singamulangjaya sing namakake gegaman wujud gada wesi kuning. Narayana banjur mrentah Arjuna supaya mbiyantu Setyaki.

Permadi banjur adhep-adhepan kalawan Singamulangjaya. Nalika iku Permadi utawa Arjuna banjur manah mripate Singamulangjaya kang wusana ndadekake Singamulangjaya kelangan pandulune, dadi wuta.

Weruh kalodhangan kasebut, Setyaki banjur maju sedya nempuh Singamulangjaya. Setyaki kasil mateni Singamulangjaya. Hamung sabanjure, Singamulangjaya manuksma lan njilma ing pribadine Arya Setyaki. Singamulangjaya banjur nyawiji marang jati dhirine satriya saka Garbaruci kasebut.

Kanthi musnane Singamulangjaya, nalika iku Setyaki uga marisi pusakane. Gada wesi kuning dadi duweke Setyaki lan wusana dadi sanjata piyandele kang ampuh temen-temen lan tansah ngedab-edabi tumrap mungsuh-mungsuhe Setyaki.

Dene nagara Dwarawati sabanjure kasil dikuwasani dening Narayana sawise Prabu Narasingamurti rumangsa sakjiwa karo Narayana. Narayana banjur sinengkakake jumeneng nata ing Dwarawati jejuluk Sri Kresna. Arya Setyaki nuli sinengkakake ngaluhur dadi senapati nagara Dwarawati. Lan amarga sikep kendele lan uga kasektene, Setyaki kondhang minangka bantheng Dwarawati.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, ing jagad pedhalangan Jawa gada wesi kuning sanjatane Setyaki iku duwe aran liya yaiku gada Kiai Lukitasari. ::Ichwan Prasetyo::

2 thoughts on “Gada wesi kuning piyandele Setyaki dadi banthenge Dwarawati”

Leave a comment